Carane Gawe BLOGGER
1. Sadurunge daftar gawe blog ing blogspot, awakmu kudu nduwe alamat email kang aktif.
2. Yen wis gawe lan nduwe email,
bukak'en alamat situs www.blogger.com. Terus, klik tombol orange kang
ana tulisane "DAFTARI", kanggo miwiti daftarake gawe blog ing blogspot.
3. Lengkapana formulir pendafataran gawe blog ing blogspot.
- Ing kolom alamat email: tulisen emailmu
- Ketik maneh alamat email: tulisen maneh email kang padha ing ndhuwure
- Tulisen sawijining password: tulisen kata kunci (paling thithik 8 karakter, bisa huruf utawa angka)
- Ketik maneh sandi: tulisen maneh password kang wis kok tulis padha ing ndhuwur
- Jenenge tampilan: isinen jenengmu utawa jeneng liyamu
- verifikasi; lebokno gambar kata kang ana ing ndhuwur kolom
- Klik "LANJUTKAN"
4. Sawise di klik "LANJUTKAN" bakal tampil halaman formulir kanggo nglengkapi judul blog lan alamat blogmu.
Isinen kolom judul blog, lan alamat blog kaya sing kok karepne. Yen alamat blog nganggo 2 kata utawa luwih, gunakno tanda (-)
- Klik kolom "CEK KETERSEDIAAN": kanggo ngecek alamat blog
5. Sawise nentokake judul lan alamat blog, klik "LANJUTKAN"
6. Sawise kok klik "LANJUTKAN", bakal tampil halaman kanggo nentokake tema utawa tempelate blogmu.
- Kanggo milih tempelate, klik salah siji bae. Banjur klik "LANJUTKAN"
7. Sawise "LANJUTKAN" di klik, berarti
blogmu wis dadi. Nanging, durung ana artikel'e. Kanggo menehi artikel
dhisikane, klik "MULAI BLOGGING".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar